Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi
Kareben ngesuk dadi wong kang aji
miguna tumprap bangsa lan nagari
3. Pahlawan
Baca Juga: 10 Puisi Cinta Romantis, Ampuh Meluluhkan Hati Pasangan Supaya Makin Lengket
Indonesiaku
Pitung puluh pitu tahun mardika
Bebas saka landa
Amarga pahlawan kang tumandang nggawa senjata
Saiki
Perang wis purna
Cah enom ora entuk males
Perjuangane saiki dudu ngalahake mungsuh
Nanging, ngalahake rasa males sajroning dhiri pribadhi
4. Apike Alam
Ati sing lara dadi waras
Yen ndeleng apike alam iki
Pikiran sing lesu dadi tuntas
Ndeleng ciptan sing Kuasa
Matur syukur marang Gusti
Sing wis nyiptake bumi iki
Lan saisine
Kita kudu ngrawat alam iki
Marang dunya kang luwih apik
5. Uripe Manungsa
Iki ana cerita
Kados uripe manungsa
Ingkang rekosa
Amarga kakean dosa
Ora gelem nindake dawuhe agama
Geleme mung nyusahke wong tuwa
Ora isoh nyukuri sing diparingi pencipta
Isohe malingi duite tetangga
Baca Juga: Jenis-Jenis puisi: Lengkap dengan Pengertian, dan Ciri-Ciri Puisi
6. Lingkungan
Lara atiku nyawang alamku rusak
Sampah neng kali
Wit-witan ditegori
Lemah lan sawah dadi omah
Yen kaya mangkono
Anak putuku sesuk kudu menyang ngendi?
Baca berita update lainnya dari Sonora.ID di Google News.