Sonora.ID - Berikut ini contoh teks pidato bahasa jawa singkat tentang kebersihan yang bisa dijadikan referensi.
Menurut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), pidato adalah pengungkapan pikiran dalam bentuk kata-kata yang ditujukan kepada orang banyak.
Pidato juga dapat diartikan sebagai wacana yang disiapkan untuk diucapkan di depan khalayak.
Adapun dalam bahasa Jawa, pidato disebut sesorah.
Beberapa acara yang biasanya menggunakan pidato bahasa Jawa antara lain seperti walimatul hamli, walimatul Ursy, aqiqah, halal bi halal, walimatussafar, peringatan tahun baru hijriah dan sebagainya.
Ada berbagai tema yang bisa diangkat dalam pidato bahasa Jawa. Salah satunya adalah tentang kesehatan.
Berikut ulasan selengkapnya.
Baca Juga: 3 Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan, Catat Yuk Sekarang!
1. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Kebersihan di Sekolah
Assalamualaikum wr. Wb.
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo. Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafa’atipun benjang ing dinten akhir,. kanthi ucapan Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad ,
kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.
Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.
Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.
Wassalamualaikum wr. wb
2. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Kebersihan di Sekolah
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatu
Dumateng bapak kepala sekolah
Dumateng bapak kaliyan ibu guru
Dhumateng sedaya kanca ingkang kula tresnani
Hadirin ingkang kulo tresnani lan kula hurmati
Monggo kita bebarengan majukaken puja lan puji syukur dumateng gusti allah swt amargi a sampun pinaringan berkah lan karunia dumateng kita sedaya. Saengga kita sedaya pinaringan makempal kanthi sehat lan afiat.
Hadirin ingkang kulo hormati
Kaping sepindhah kita sedaya perlu bahan utawi panggenan. Amargi lingkungan utawi panggenan menika papan kangge nggantungaken urip umat manungsa sedaya. Amargi menika kita sedaya kedah njaga lingkungan sae-sae supados bumi keuntungan kagem kita sedaya.
Hadirin ingkang kula hormati.
Babakan kebersihan lingkungan yoiku salah sepindah cara kang apik kanthi kito sedoyo nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai rikala musim udan.
Cekap semanten ingkang saget kula aturaken umpami wonten klenta klentunipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.
Baca Juga: 70 Kata-Kata Cinta Bahasa Jawa dan Artinya, Bikin Kekasih Makin Cinta!
3. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Kebersihan di Sekolah
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Ibu Guru Ingkang kula kurmati R
encang-rencang ingkang kula tresnani
Saderengipun kula matur sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dhumateng ngrsanipun Gusti Allah ingkang maha Asih ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kita sami.
Para rawuh ingkang manuluyo, Ing mriki kula mingkang dados warga sekolah, badhe mbabar babagan lingkungan ingkang ijo.Ingkang dipunwastani ” Ijo ” puniko mboten namung salah satunggaling werna , nanging wonten hubunganipun kaliyan seger , nyaman , lan lingkungan inkang sehat . Wonten pundhi-pundhi tukul wit-witan , woh-wohan , lan suket , tebih saking polusi .Wit ageng-ageng tinata rapi wonten tengen lan kiwanipun sekolah. Mboten wonten godonggodong lan sampah pating semerawut wonten nglebet sekolah.
Sinten ingkang badhe tanggung jawab njagi lingkungan sekolah dados resik , ijo lan sehat? Jawabanipun inggih punika ” Kitaa .. kitaaa .. ” warga sekolah . Bilih kita purun disiplin , pramila kita saged mujudaken sekolah kita dados sekolah ijo , lingkunganipun aman , lan nyaman kangge sinau . Lan dipunwiwiti saking sekolah menika , kebersihan , lingkungan sehat saged dipunwujudaken . Kulo pitados bilih para rawuh sarujuk kalehan usulan kula ndadhosake sekolah SMA Negeri 2 Cilacap ijo , lan resik. Pramila sumgga kula ngajak rencang-rencang sedaya njagi sekolah kita , supados tetep resik , sehat , rapi , lan endah , nyaman kangge warga sekolah .
Makanten ingkang saged kula aturaken bilih kathah klenta-klentunipun atur kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Demikian contoh teks pidato bahasa Jawa singkat tentang kebersihan yang bisa jadi referensi.
Baca berita update lainnya dari Sonora.ID di Google News