“Sampeyan wis budhal, Mas?” takone Okta wengi kuwi.
“Wis iki lagi tekan parkiran. Sampeyan wis tekan, Mbak?” wangsulanku sinambi ganti takon.
“Sekedhap, Mas. Sampeyan nganggo klambi sing piye?”
“Aku nganggo jemper ireng sing ana gambare remukan gorengan.”
“Oke, Mas.”
Wiwit tepungan tekan saiki aku pancen durung ngerti kepriye pawongan sing jenenge Okta kuwi kaya ngapa. Semono uga Okta.
Dheweke uga durung ngerti aku iki piye. Aneh pancen. Nanging iki pancen sengaja. Aku lan Okta sengaja ora ijol-ijolan foto jalaran kepengin ngrasakake sensasi jaman biyen sadurunge ana medsos.
Kira-kira limalas menit candhake. Ana wanita sing lungguh ing ngarepku sinambi nggawa es kopi susu sing mentas dheweke pesen.
Pasuryane wanita sing lungguh ing ngarepku iki ayu lan nyenengke kanggo disawang. Wektu aku arep takon. Dheweke malah ndhisiki takon, “Mas Sinung, nggih?” takone sinambi ngelungake tangan.
Tangan sing dielungake kuwi banjur daktampani sinambi mangsuli pitakone, “Leres, Mbak. Niki Mbak Okta, nggih?”
Dheweke banjur manthuk kanthi alon sinambi nyawang wewujudanku.
“Modyar,” batinku.
Ing wektu iku aku wis siyap ngadhepi kasunyatan sing paling pait. Nanging nyatane apa sing nate daksumelangake kuwi ora dumadi.
Sing dumadi malah suwalike. Dheweke bisa nampa karo kahananku lan sesambunganku karo dheweke terus lumaku tekan seprene.
Wektu dheweke nyedhekake sirahe ing pundhakku. Dumadakan..glubuk… aku ceblok saka dhipan. Pranyata lelakon endah sing mentas dakalami iku mung sawates ngimpi.
Ah… emane.
Dolan Menyang Pantai Menganti
Liburan sekolah wingi aku lunga menyang Pantai Menganti karo bapak, ibu, kakang lan adiku. Aku sekeluarga lunga meyang Pantai Menganti numpak mobil.
Jarak Purwokerto menyang Pantai Menganti jarake kira-kira 59 kilometer. Kurang luwih meh rong jam butul nang Pantai Menganti.
Dalan menyang Pantai Menganti ekstrem. Manjat mudun e medeni. Tapi kabeh terobati karo pemandangan sing apik pisan.