Aku maem seafood nang Pantai Menganti, rasane enak, ora amis. Nang Menganti, aku foto-foto, dolanan pasir lan nonton kapal nelayan sing pada balik.
Aku balik sekang Pantai Menganti jam telu sore. Rasane kesel tapi bungah pisan bisa dolan menyang Pantai Menganti sekeluarga.
Baca Juga: 10 Contoh Teks Anekdot Politik Lucu yang Singkat Tapi Nyelekit!
Dolan Bareng Keluarga Ing Wayah Preinan
Nalika prei sekolah wingi, aku mung nonton TV neng umahku. Suwe-suwe aku krasa bosen. Untung tanggal 28 Desember, esuk-esuk banget bulikku teka ing umahku ing Semarang. Bulik teka sekalian bareng keluargane. Bulik lan keluarga nginep ing umahku sedina sewengi.
Aku diajak dolan menyang Pelabuhan. Aku mangkat kira-kira jam telu sore. Bareng-bareng aku dolanan ing pelabuhan rencanane nganti jam lima sore.
Nalika mlaku-mlaku nonton kahanan lan eloke pemandangan laut, aku kesasar lan muter-muter. Aku bingung nggoleki sedulur-sedulurku kabeh.
Amarga kedadean kuwi, aku lan keluarga lagi tekan omah jam enem punjul, kira-kira jam 18.45 nalika langit wes malih dadi peteng. Tekan omah, aku lan sedulur-sedulurku langsung makan malam amarga weteng iku wes krasa ngelih banget.
Dina esuke, bulikku arep kondur menyang Purbalingga. Aku diajak melu bali menyang Purbalingga. Cetho wae aku seneng banget, iso dolan kumpul karo sedulur-sedulurku ing Purbalingga.
Ing Purbalingga, aku nginep ing daleme bulikku mung sedina sewengi. Dina sesuke, aku ganti dolan lan nginep ing dalemipun Simbah/Eyang. Aku tekan daleme Eyang wayah esuk kira-kira jam 06.10.
Aku banjur dolan menyang Kolam Renang Mulyani bareng Om lan keluargaku. Tapi Om ora melu njegur nglangi ing kolam.
Mung aku wae seng njegur renang lan dolanan banyu. Oya, aku renang kira-kira jam 2 awan nganti jam 3.
Sawise renang, aku krasa ngelih banget, mula aku banjur tuku Ayam Krispi sing rasanya enak lan nikmat banget dimaem sawise renang. Sawise maem, aku ora lali nindakake solat asar.
Aku nginep ing daleme Eyang kurang luwih patang dina (4 hari). Jane yo wes rada suwe, tapi kok rasane cepet banget gantine dina.
Tandane preinan sekolahku wes meh entek. Aku kudu enggal-enggal balik Semarang amarga sekolahku wes arep mlebu.
Aku kudu enggal-enggal siap-siap kanggo sekolah, nggolek ilmu kanggo masa depanku supaya cita-citaku iso terwujud utawa tercapai.
Aku mulih menyang Semarang numpak travel. Aku seneng banget amarga Eyang kersa ngancani aku balik ing Semarang.
Krudung abu-abu
Senajan wayahe liburan. Nanging gandhenge wis kelas telu kang sedhela maneh bakal ngadhepi ujian kelulusan SMA. Aku sakanca diwajibake les ing sekolahan.
Biyasane lese wayah sore sabubare mulih sekolah. Nanging gandhenge dina iku sekolahe libur. Les sing dianakake ing sekolahku kuwi mlebune esuk.
Esuk kuwi sadurunge mlebu les. Aku luwih dhisik lungguhan ana treteg lor sekolahan bebarengan karo David lan Imam.
Jenenge wae bocah rada ndableg sithik, maneka tetembungan sing sejatine ora pantes kaucapake kanthi enteng wae kabeh padha kinucap.
Apa maneh nalika ana bocah wedok ayu sing liwat, mesthi daksuwit-suwit. Yen disuwit-suwit noleh aku lan kancaku mau padha nggeguyu ngakak lan ngrasa lanang tenan.
Kebeneran dina kuwi sina senin. Kaya padatane saben dina senin ing sekolahanku mesthi nganakake upacara. Nanging dina iki arep melu upacara rasane kok males banget.
Kegawa rasa males kuwi mau kang tansah aku kepengin ora melu upacara kuwi kanthi cara singidan ana ing warunge Pak Tris, warung mangan langgananku.
Pak Tris wis apal marang kelakuane bocah sekolah sing mbolos ana ing warunge kuwi. Sejatine Pak Tris dhewe bola-boli menehi ngerti lan kadhang nglapurake marang guru.
Saengga bocah-bocah sing mbolos ana ing warunge kuwi pikantuk ukuman. Senajan kaya mangkono tetep wae ana sing mbolos ana ing warunge.
Gandhenge wis ngrasa jeleh ngandhake bocah-bocah sing ndableg klebu aku kuwi. Wekasane Pak Tris mung meneng wae yen ana bocah sing singidan ing warunge pinuju upacara bendera katindakake.
Sadurunge mbolos ing warunge Pak Tris luwih dhisik aku ngenteni kancaku sakelas sing jenenge Astri.
Bocah kuwi mungguhku ayu banget. Lan saben dakgodha mesthi dadi nesune. Iki sing nyebabake aku seneng banget nggodha dheweke.
Bareng dakenteni sawetara wektu saka kadohan aku weruh wewayangane Atri. Sawise cedhak bocah ayu kuwi banjur dakuncali dolanan ula-ulanan.
Mesthi wae Astri mbengok keweden merga dikirane ula tenan. Bareng ngerti yen ula sing dakucalake iku mung ula-ulanan.
Astri nesu banget lan kegawa rasa nesune iku mau Astri banjur nyandhak sepedhahe lan nabrakake sepedhahe menyang papanku nyangkruk.
Amarga ora ngira yen Astri tumindak kaya mangkono. Aku dalah kancaku langsung wae mencolot menyang njero kalen.
Untung wae wektu kuwi kaline ora ana banyune. Weruh aku lan kancaku nyemplung ana ing kalen kuwi. Astri nggeguyu kanthi kebak kemenangan.
“Awas, titenana mengko yen wis nang njero kelas!” pangancamku sajroning batin.
Jam ing kelas wis nuduhake jam setengah wolu. Sedhela maneh les dina iki bakale diwiwiti. Sadurunge gurune mlebu kelas. Aku nyedhaki bangkune Astri.
“Kowe mau kena apa arep nabraka aku?” takonku.
Baca Juga: 10 Puisi Cinta Romantis, Ampuh Meluluhkan Hati Pasangan Supaya Makin Lengket
“Iseng wae, ngapa ora trima ta?” wangsulane lan takone genti.
“Ora.”
“Yen,ora njalukmu piye? Aja kok kira merga aku bocah wedok banjur ora wani karo kowe,” kandhane Astri.
“Kowe, ki…,” bengokku sinambi arep ngepelake tanganku.
Rikala tanganku dakkepelake kuwi dumadakan tanganku dicandhet dening tangan kang alus banget.
Bareng daktoleh jebule tanganku dicandhet dening Tika, ketua kelasku.
“Diterusake, awas! Tak laporake Pak Joko, ancame Tika.
Rikala Tika ngomong kaya ngono embuh aku kok dadi blangkeman.
“Edan! Lagi iki aku kentekan omong ing ngarepe bocah wadon,” batinku.
Amarga ora bisa nindakake bales dendam aku banjur bali menyang bangkuku. Sawise lungguh aku banjur mikir,
“Kena apa aku iki, kena apa mung dicandhet tanganku dening Tika, atiku dadi trataban kaya mangkene. Apa iki? Ah, ora,ora mungkin,” batinku.
Kedadeyan kuwi pancen wis rada suwe lan saka kedadeyan kuwi tansah nyebabake anane sethithik owah-owahan sajroning uripku.
Aku saiki wis nglereni tumindak nakalku. Bareng daksetitekake sing jenenge Tika iki pancen bedha karo bocah wadon liyane. Dheweke pinter dhisiplin tur pacakane ora neka-neka.
Saliyane kuwi dheweke nganggo krudung abu-abu, werna kesenenganku. Lan sing paling dakelingi sarta nyebabake anggenku leren saka tumindakku yaiku merga kandhane Tika ing sawijining wektu.
“Awake dhewe iki wis kelas 3 SMA, sedhela maneh bakal ngadhepi ujian nasional. Mula saka kuwi wiwit saiki awake kudu nyepakake apa wae sing dibutuhake kanggo ngadhepi ujian kasebut. Yen ora dicepakake saka saiki bisa-bisane bijine awake dhewe bakale ajur. Lan kanthi ajure bijine awake dhewe bisa-bisa masa dhepan awake dhewe melu ajur,” kandhane Tika sawijining wektu.
Ya, apa sing nate dikandhakake dening Tika marang aku kuwi kang tansah ngelingake supaya aku ora nakal maneh. Matur nuwun ya Tik!
Preian Sekolah
Sawise mbagekake rapor ing sekolah, akhire aku bisa ngrasakake preian suwene. Senadyan aku ora entuk peringkat paling dhuwur, aku isih entuk biji sing apik. Aku isih seneng amarga aku mbayangno kulawargaku ngajak aku liburan. Bapak lan ibuku ngajak aku preinan menyang papan wisata sing nyenengake. Aku ora sabar arep preian.
Malah aku bingung arep milih klambi sing endi. "Jam pira aku nganggo?" Aku takon dhewe. "Ah, sing biru apik, nanging sing abang uga apik banget!" Aku marani bapak lan ibu sing lagi nonton TV. Aku banjur ngomong karo wong-wong mau, "Bapak, Ibu, kepiye yen kita liburan menyang pantai? Aku pancene pengin mrana.”
Bapak lan ibu ujug-ujug mung pandeng-pandengan, banjur bapak ngendika “Nak, sak iki kowe nginep nang omah wae Bu, soale Bapak lagi kerja ing luar kota”. Aku kuciwa banget karo omongane bapak nanging aku kudu nampa keputusane. Dina-dina wis kliwat lan aku mung ngrasakake preian sekolah ing omah. Senajan aku uga pengin metu karo kanca-kanca.
Nanging ibu nglarang aku metu, lan mung didhawuhi ngrewangi pagawean omah kayata ngresiki omah. Senajan aku mung metu menyang pasar lan semono uga ibu bakal ngancani aku. Nanging aku isih nindakake pagawean sing produktif kaya sinau kanggo ujian nasional sing bakal ditindakake sawetara wulan. Sejatine aku uga krasa kasep yen ora ana ing omah.
Kadhang-kadhang aku pengin nolak panjaluke ibuku, nanging aku mung bisa nampa lan nindakake. Sawijining dina ibuku thothok-thothok lawangku lan kandha marang aku, "Kowe enggal adus, aku ngenteni ing njaba." Aku mangsuli, "Arep menyang ngendi, Bu?" Banjur ibu mangsuli "Aku arep ngajak sampeyan mlaku-mlaku menyang taman kutha, ya, nalika sampeyan nginep ing omah."
Ujug-ujug aku ngrasa seneng “Inggih Bu, nggih, kula adus rumiyin”. Sawise iku aku karo Ibu menyang taman kutha. Sanadyan mung sore mlaku-mlaku ngubengi taman, aku wis rumangsa apik banget. Bisa uga amarga aku wis suwe lungguh ing omah lan saiki lagi seneng lelungan. Sing pasti, aku seneng banget amarga ibu ngajak aku mlaku-mlaku sore.
Baca berita update lainnya dari Sonora.id di Google News
Baca Juga: 30 Contoh Motto Skripsi Terbaik dan Menginspirasi dari Tokoh Dunia