Sonora.ID - Dalam artikel ini kami sajikan kumpulan contoh soal ujian sekolah (US) mata pelajaran bahasa Jawa untuk siswa kelas 6 SD/MI atau sederajat.
Kumpulan soal ini diharapkan dapat membantu para siswa untuk mengingat kembali materi yang telah diajarkan oleh bapak atau ibu guru di sekolah.
Ada baiknya para siswa untuk fokus saat mengerjakan soal-soal latihan di bawah ini. Kerjakanlah soal yang dirasa paling mudah terlebih dahulu.
Setelah itu, mintalah bantuan dari orang tua, teman, atau orang terdekat lainnya untuk mengoreksi jawaban.
Berikut ini kumpulan contoh soal US bahasa Jawa kelas 6 SD/MI lengkap dengan pembahasan jawabannya, dikutip dari berbagai sumber.
Baca Juga: 30 Contoh Soal Ujian Sekolah IPS Kelas 6 SD/MI dan Kunci Jawabannya
Contoh Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa Kelas 6 SD/MI
Soal 1
Apa tegese tembung ‘Ngabange kuping’ iku?
Jawaban: gawe mangkel utawane gawe nesu
Soal 2
Apa tegese tembung ‘Lunyu ilate’ iku?
Jawaban: criwis utawa tukang ngomong bae.
Soal 3
Tulisana telu bae kang kalebu tembang macapat!
Jawaban: Gambuh, Pocung, Megatruh, Sinom, Dhandang gula, Pangkur, Mijil, Maskumambang, Kinanti, Asmarandana, lan Durma.
Soal 4
Gawea ukara/kalimat nganggo tembung Perang Diponegoro!
Jawaban: Perang Diponegoro kawiwitan tahun 1825 tekan tahun 1830.
Soal 5
Sebutna telu bae crita dongeng kang wis tau diwaca!
Jawaban: Kancil lan Keong, Timun Mas, Tomket lan Manuk Beo, lan lia-liane.
Soal 6
Nanda: “Buk, nembe masak napa?”
Ibu: “Iki lho masak jangan lodheh karo goreng gereh asin, Le. Ayo gage ndang mangan dhisik!”
Nanda: “Sekedhap Buk, Nanda ajeng garap tugas riyin.”
Ibu: “Yawis, iki dilerne sega dhisik ya karo ibu?”
Nadhif: “Inggih, Buk..”
Ukara kang trep kanggo jangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku…
Jawaban: Matur nuwun
Soal 7
Sedhekah Laut
Ing kutha Cilacap ana upacara tradhisi kang diarani sedhekah laut. Sedhekah laut iku arupa kegiyatan nglarung sesaji utama ing Teluk Penyu.
Upacara nglarung kasebut minangka wujud rasa matur nuwun marang Gusti. Awit Gusti sampun maringi anugerah berkah marang masyarakat Cilacap, mligine berkah laut.
Saka wacan ing dhuwur tegese tembung nglarung yaiku…
Jawaban: Ngelekake
Soal 8
Adipati Karna
Adipati Karna iku adipate ing Kadipaten Ngawangga. Karna iku putrane Bathara Surya dene ibune Dewi Kunthi Nalibrata. Tumprape pandhawa Karna iku sedulur tunggal ibu seje rama. Nalika perang Baratayuda, Adipati Karna madeg dadi senapati perang Astina nanging gugur nalika ngadhepi Raden Arjuna.
Adipati Karna pantes tinuladha lelabuhane kang bela negarane nganti tumekaning seda Ing perang Baratayuda Adipati Karna dadi…
Jawaban: Senapati perang
Soal 9
Sabtu, 20 Februari 202, pageblug banjir kadadeyan ing wilayah Jabodetabek. BMKG beberake banjir iku amarga udan deres kang ora mandhek sedina sewengi. Tembung pageblug padha tegese karo…
Jawaban: musibah
Soal 10
Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing medhia cetak, lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks…
Jawaban: pawarta
Soal 11
Cacahing gatra/larik saben sapada (bait) diarani ...
Jawaban: guru gatra
Soal 12
Basa krama inggile “adus” yaiku …
Jawaban: siram
Soal 13
Tembang mijil nduweni watak …
Jawaban: gandrung, prihatin anggone golek ilmu, metuning ras pitutur, medharake bukaning crita, mangayubagya.
Soal 14
꧋ꦒꦺꦣꦁꦒꦺꦴꦫꦺꦁ diwaca …
Jawaban: gedhang goreng
Soal 15
Kosok baline tembung “awan” yaiku …
Jawaban: bengi
Baca Juga: 45 Contoh Soal Ujian Sekolah IPA Kelas 6 Lengkap dengan Jawabannya
Soal 16
Nalika maca geguritan/puisi, perangan-perangan kang kudu digatekake iku yaiku kasebut ing ...
Jawaban: lafal dan ekspresi
Soal 17
Contoh crita rakyat sing asale saka Jawa Barat, yaiku ...
Jawaban: Sangkuriang
Soal 18
Crita kedadean gunung Tangkuban Perahu kalebu jinise crita ...
Jawaban: legenda
Soal 19
Aku wingi kodanan, sandhanganku teles ...
Jawaban: kebes
Soal 20
Bocah kok saben dina “dhuwat-dhuwit” bae. Maksude bocah mau seneng ...
Jawaban: njaluk dhuwit
Soal 21
Layang kabar kang metune kadhang kala utawa ora saben dina diarani...
Jawaban: kalawarti
Soal 22
Teks pawarta kang jangkep utawa lengkap diandharake kanthi 5W+1H. Sing mujudake 1H yaiku..
Jawaban: how
Soal 23
Tembung globalisasi iku asale saka tembung "globe" sing tegese...
Jawaban: mendunia
Soal 24
Unen-unen kang kudu dibedhek utawa dibatang diarani…
Jawaban: Cangkriman
Soal 25
Jinise tembang macapat iku ana...
Jawaban: 11
Soal 26
Aksara jawa cacahe/jumlahe ana ...
Jawaban: 20
Soal 27
Guru gatrane tembang maskumambang ana ...
Jawaban: 4
Soal 28
Cacahing wanda/jumlah suku kata saben sagatra/salarik diarani ...
Jawaban: guru wilangan
Soal 29
Bu bidhan (priksa) pasien sing ngandhut.
Jawaban: mriksa
Soal 30
Sawiyah iku arane anak ...
Jawaban: cecak.
Baca Juga: Contoh Soal Ujian Sekolah PAI Kelas 6 Beserta Kunci Jawabannya
Baca berita update lainnya dari Sonora.id di Google News.