35 Contoh Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa Kelas 6 dan Kunci Jawaban

13 Mei 2024 18:25 WIB
Ilustrasi ujian sekolah kelas 6 SD.
Ilustrasi ujian sekolah kelas 6 SD. ( Tribun Jabar)


Sonora.ID - Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa kelas 6 menjadi salah satu materi ujian kelulusan.

Lewat soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa kelas 6, siswa akan mengetahui jenis pertanyaan yang keluar.

Siswa dapat latihan mengerjakan soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa kelas 6 tahun sebelumnya untuk mendapatkan nilai tinggi.

Berikut ini 35 contoh soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa kelas 6 dan kunci jawabannya dikutip dari berbagai sumber.

Semaken crita rakyat ngisor iki, minangka pancadan nggarap soal nomor 1-4!

Tembalang kuwi jenenge desa ing tlatah kuta Semarang.

Kacarita ing sawijining dina Pangeran Pandhan Arang didherekake para santri njajah desa milangkori. Anggone tindak munggah mudhun pareden. Ing kono ana kampung sing durung akeh pendhudhuke ana sumber banyu utawa tuk cacah sanga kang nganeh-anehi. Banyune mundhak dina mundhak gedhe metune. Saya suwe kahanane ndrawasi. Wong kampung padha was sumelang, kuwatir kampunge keleban banyu. Para warga padha ngupaya nambal tuk mau. Nanging saben ditambal, ora let suwe tambalane ilang. Banyune mili maneh saya gedhe.

Mangkono sateruse nganti wong sekampung padha bingung.

Nalika wong-wong kampung padha judheg, Pangeran Pandhan Arang banjur age-age lungguh sila nyenyuwun marang ngarsane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ora let suwe tuk-tuk mau padha mampet. Mung kari siji sing isih milil. Pangeran Pandhan Arang ngendika manawa tuk siji sing isih mili kuwi kanggo kabutuhane wong sekampung. Pangeran Pandhan Arang uga pesen, yen kampung kono kuwi kudu dijenengei Tembalang, sing tegese tambalne ilang

1. Kang dadi undheraning crita ing dhuwur yaiku ...

A. Sumber banyu utawa tuk
B. Lakune Pandhan Arang
C. Nambal tuk
D. Rasa was sumelang para warga

Jawaban: A

2. Latar panggonan kedadeane prakara ana ing ...

A. Pareden
B. Alas
C. Desa Tambalang
D. Kutha Semarang

Jawaban: C

3. Sipat utawa watake paraga Pangeran Pandhan Arang ing crita dhuwur yaiku ...

A. Jujur
B. Sekti
C. Sabar
D. Narima

Jawaban: B

4. Saka wacan crita rakyat ing dhuwur bisa kapethik pesen ....

A. Manungsa mung sadrema nglakoni
B. Manungsa nampa apa kang diparingiake saka Gusti Kang Maha Agung
C. Sakabahing lelakon dipasrahake marang sing Kuwasa
D. Manungsa bisa mbudidaya, sing Kuwasa sing nemtokake

Jawaban: D

5. Tibane swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....

A. Guru gatra
B. Guru lagu
C. Guru sastra
D. Guru wilangan

Jawaban: B

6. Sagung para rawuh sadaya, Mugi pinayungan nugraha yekti, Asih tresna Allah satuhu, Tansaha kasasira, Puja puji syukur saha sembah sujud, Konjuk ing ngarsa paduka, Gusti Allah Maha Suci.

Tembang macapat ing dhuwur iku guru gatrane ana ... larik

A. 6
B. 5
C. 8
D. 7

Jawaban: D

7. Sekar gambuh ping catur, Kang cinatur polah kang kalantur, Tanpa tutur katula-tula katali, Kadaluwarsa kapatuh, Kapatuh pan dadi awon Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ....

A. 7, 9, 10, 7, 8
B. 7, 10, 12, 8, 8
C. 7, 7, 8, 8, 9, 9
D. 8, 10, 12, 7, 7

Jawaban: B

8. Tembang sing dudu tembang macapat yaiku ....

A. Asmaradana
B. Megatruh
C. Cublak-cublak suweng
D. Kinanthi

Jawaban: C

9. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara. Tembang pocung ing dhuwur batangane ....

A. Sepur
B. Kalung
C. Ula
D. Sabuk

Jawaban: A

10. Pak Budi maos koran wonten kantor. maos basa ngokone ....

A. Nulis
B. Ndelok
C. Tuku
D. Maca

Jawab: D

11. Pitik tukung lan padhang bulan kalebu tembang ....

A. Keroncong
B. Dolanan
C. Pop
D. Macapat

Jawab: B

12. Cacahe gatra saben sapada ing tembung macapat diarani ....

A. Guru gatra
B. Guru wilangan
C. Guru sastra
D. Guru lagu

Jawab: A

13. Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....

A. Guru lagu
B. Guru sastra
C. Guru gatra
D. Guru wilangan

Jawab: D

Wacanen kang patitis wacan tembang macapat ing ngisor iki!

Kinanti
Padha gulungen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
Dadia lakunireku,
cegah dhahar lan guling,
lan aja sukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anelulari.

14. Tembang ing dhuwur kalebu jenise tembang Macapat ....

A. Kinanthi
B. Pucung
C. Asmarandana
D. Maskumambang

Jawaban: A

Wacanen teks ing ngisor iki kanggo pancadan nggarap soal nomer 15-18!

Dolan Menyang Taman Maerakaca

Nalika preinan, Bawa, Asti, Puji, lan bapak ibune piknik. Bawa sakulawarga padha piknik mengyang Taman Maerakaca. Bawa topina, nyangklong tustel ing pundhake, lan nganggo tas pinggang. Wah, kaya wartawan cilik.

"Mas, aku difoto," panjaluke Asti adhine.

Asti lan Puji padha rangkulan difoto dening Bawa. Bapak ibune mung ngawasi solah tingkahe putrane. Jeprat-jepret, pindhah kana pindhah kene. Sakulawarga padha eksen. Bawa dadi juru potret kaya fotografer.

15. Manut isine wacan topik kang cocok yaitu :

A. Kesenengan
B. Pariwisata
C. Kabudayan
D. Prastawa

Jawaban: B

16. Sipate paraga Asti lan Puji ana ing wacan ing dhuwur yaiku ...

A. Aleman
B. Blater
C. Rukun
D. Kemayu

Jawaban: C

17. Manut sandhang panganggonane, Bawa iku kaya wartawan clik.

Tegese tembung sing digaris ngisore ana ing ukara kasebut yaiku ....

A. Tukang golek warta utawa kabar
B. Tukang golek gambar
C. Tukang foto
D. Tukang nggambar

Jawaban: A

18. Amanat utawa pesen kang bisa kapethik saka wacan ing dhuwur yaiku ...

A. Sing sapa seneng piknik bakale mundhak akeh kanca
B. Manungsa iku perlu ngaso kanggo ngleremke pikir, mula padha seneng-senenga.
C. Wisata kulawarga iku bisa gawe pikiran dadi padhang, kulawarga katon rukun, kanggone negara nama asil kanggo nglancarake pembangunan.
D. Kabeh wong iku butuh papan kanggo gawe seneng ati, mulane yen preinan padha dolan.

Jawaban: C

 19. Cacahe gatra (baris) saben sapada ing tembung macapat diarani ....

A. Guru basa
B. Guru sastra
C. Guru gatra
D. Guru wilangan

Jawaban: C

20. Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....

A. Guru sastra
B. Guru gatra
C. Guru lagu
D. Guru wilangan

Jawaban : d

21. Tibaning swara ing saben pungkasane gatra ing tembang macapat diarani ....

A. Guru gatra
B. Guru wilangan
C. Guru lagu
D. Guru sastra

Jawaban: C

22. Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake anggone maca geguritan, kajaba ....

A. Kudu apal isine geguritan
B. Kudu nggatekake pocapan lan wiramane
C. Bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
D. Mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake

Jawaban: A

23. Nalika isih aran Jabang Tetuka, Gathutkaca dijedhi ana ing kawah . . . .

A. Candradimuka
B. Candrarasa
C. Candra Buwana
D. Candra Antrakusuma

Jawaban: A

24. Nalika sish bayi, wujude Gathutkaca yaiku . . . .

A. Kunta Wijayadanu
B. Raseksa
C. Buntel
D. Topeng waja

Jawaban: B

25. Gathutkaca nalika isih bayi diwenehi aran . . . .

A. Jabang Bayi
B. Jabang Raseksa
C. Jabang Bocah
D. Jabang Tetuka

Jawaban: D

26. Asmane Ibune Gathutkaca yaiku . . . .

A. Drupadi
B. Arimbi
C. Pregiwa
D. Srikandi

Jawaban: B

27. Wacana tembang Macapat ing dhuwur dumadi saka ... pada.

A. 1
B. 2
C. 3
D. 4

Jawaban: C

28. Saben pada wacana tembang ing dhuwur dumadi saka ... gatra.

A. 3
B. 4
C. 5
D. 6

Jawaban: D

29. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi siswa kudu bisa nglatih diri supaya ....

A. Biasa
B. Kulina
C. Pinter
D. Trampil

Jawaban: C

30. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi wong aja mung nggedhekake ....

A. Mangan karo turu
B. Mangan karo ngombe
C. Mangan karo sinau
D. Mangan lan dolanan

Jawaban: A

31. Tetembungan kaprawiran den kaesthi ing pada 1 wacana kasebut tegese
kaprawiran kudu ditindaake kanthi ....

A. Sembrana
B. Temen
C. Sabisane
D. Sakarepe

Jawaban: B

32. Bakune gagasan (pokok pikiran) sing bisa dijupuk saka pada 1 wacana kasebut, yaiku ....

A. Dadi wong iku santai wae
B. Wong urip iku ora usah ngaya, mangan lan turu kudu cukup
C. Dadi wong iku antarane nyambut gawe lan istirahat kudu cukup
D. Wong urip iku kudu akeh nglatih dhiri supaya pinter, aja mung nggedhekake mangan lan turu

Jawaban: D

33. Arane senjatane Gathutkaca sing dianggo ing dada yaiku . . . .

A. Nanggala
B. Kotang antrakusuma
C. Pasopati
D. Alugara

Jawaban: B

34. Arane perang kang ndadekake Gathutkaca gugur yaiku . . . .

A. Baratayudha
B. Tanding
C. Bubat
D. Mahabarata

Jawaban: D

35. Ukara ngisor iki minangka perangane layang bagean panutup kanggo wong sing luwih tuwa sing paling bener yaiku ...

A. Dakkira cukup semene dhisik, menawa ana clathuku kang ora beber sing gedhe pangapurane
B. Kulo kinten cekap semnaten rumiyin, menawi woten luputku aku nyuwun pangapura.
C. Dakkira cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
D. Wasana cekap semanten rumiyin, Eyang, mbenjing menawi wonten wekdal keng wayah sowan.

Jawaban: D

Demikian 35 contoh soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa kelas 6 dan kunci jawabannya sebagai bahan belajar.

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.7 fm
98.9 fm
98.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm