3 Contoh Teks MC Malam Tirakatan 17 Agustus 2024 dalam Bahasa Jawa

16 Agustus 2024 14:00 WIB
Ilustrasi (5 Teks MC Malam Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa)
Ilustrasi (5 Teks MC Malam Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa) ( tvOneNews.com/ Teguh Joko Sutrisno)

Bapak/Ibu sederek ingkang kawulo hormati, keparengo kulo waosaken reroncening adicoro ing ndalu meniko.

Ingkang sepisan, pambuka

Ingkang kaping kalih, menyanyikan lagu Indonesia Raya

Ingkang kaping tiga, sambutan saking Dukuh [nama wilayah], Bapak/Ibu ....

Ingkang kaping sekawan, acara inti ingkang badhe dipunslirani dening Bapak/Ibu ....

Kaping gangsal, doa, ingkang bade dipun roisi dening Bapak ....

Lan ingkang pungkasan, panutup.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek sedoyo, mangga kita wiwiti malam tirakatan 17 Agustus 2024 menika kanthi waosan basmalah kawulo dherekaken.

[Membaca Basmalah bersama-sama]

Matur nuwun, mugi kanthi waosan basmalah menika, adicara ing dalu meniko saged lancar dumugi akhir. Adicara ingkang kaping kalih, menyanyikan lagu "Indonesia Raya" ingkang badhe dipun pimpin dening Bapak/Ibu/Sedherek ....

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek sedoyo kasuwun jumeneng.

[Ada kalanya, makanan dan minuman baru disuguhkan oleh panitia ketika lagu "Indonesia Raya" selesai dinyanyikan, atau setelah sambutan. Terkait hal ini, pembawa acara perlu mempersilakan hadirin untuk menyantap hidangan]

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, gandheng wonten ing ngarsa panjenengan sampun samekta unjukan soho nyamikan (dhaharan), kula aturi ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning penggalih.

[Biasanya, santap makanan atau minuman berlangsung selama 3-5 menit. Setelahnya, pembawa acara dapat melanjutkan acara dengan meminta izin terlebih dahulu kepada hadirin]

Bapak-bapak soho ibu-ibu, mboten ngirangi kamardikan anggenipun dhahar soho ngunjuk, sumonggo kita lajengaken adicara ing dalu menika. Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika sambutan Dukuh [nama wilayah]. Bapak/Ibu ... sumonggo.

[Sambutan Dukuh/Ketua RW/Ketua RT]

Matur nuwun dumateng Bapak/Ibu .... ingkang sampun kersa maringi sambutan. Adicara ingkang salkajengipun inggih menika adicara inti, ingkang bade dipunslirani dening Bapak/Ibu ...

[Acara Inti]

Matur nuwun dumateng Bapak/Ibu .... adicara ingkang kaping gangsal, inggih menika doa, ingkang bade dipunroisi dengan Bapak ....

[Pembacaan Doa]

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.7 fm
98.9 fm
98.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm