3 Contoh Teks MC Malam Tirakatan 17 Agustus 2024 dalam Bahasa Jawa

16 Agustus 2024 14:00 WIB
Ilustrasi (5 Teks MC Malam Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa)
Ilustrasi (5 Teks MC Malam Tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa) ( tvOneNews.com/ Teguh Joko Sutrisno)

Sonora.ID - Simak contoh teks MC malam tirakatan 17 Agustus Hari Ulang Tahun (HUT) Republik Indonesia (RI) ke-79 tahun 2024 dalam bahasa Jawa.

Dalam rangka 17 Agustus sebagai Hari Kemerdekaan Indonesia, masyarakat umumnya melangsungkan malam tirakatan

Agenda dari malam tersebut bertujuan untuk membaca doa, menyampaikan ceramah sejarah, pertunjukkan seni, dan pemberian hadiah kepada para pemenang lomba 17 Agustus.

Supaya acara berjalan dengan baik, tentu saja dibutuhkan pemandu acara atau biasa disebut MC.

Teks MC tirakatan 17 Agustus dapat dibuat dalam bahasa Jawa maupun Indonesia. Perihal ini, pembawa acara bisa menyesuaikannya dengan budaya masyarakat setempat.

Berikut Sonora.ID merangkum contoh teks MC malam tirakatan 17 Agustus dalam bahasa Jawa:

Contoh 1 teks MC tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa

Susunan Acara:

  • Pembukaan
  • Menyanyikan Lagu "Indonesia Raya"
  • Sambutan Kepala Dusun/Ketua RW/Ketua RT
  • Acara Inti
  • Pembacaan Doa
  • Penutup

[Pembukaan acara malam tirakatan 17 Agustus]

Bismillahirrohmanirrohim

Assalamualaikum Wr. Wb.

Para pepundhen ingkang satuhu kinabekten,

para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinurmatan,

Dukuh [nama wilayah], Bapak .... ingkang kawulo hormati,

Ketua RT/RW [nomor RT/RW], Bapak ....

Bapak-bapak soho Ib-iBu ingkang minulya,

sarta kadang kaneman ingkang sutresna

Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah Swt. ingkang Mahawelas lan asih, ingkang tansah maringi kanikmatan, karohmatan, ugi katentreman sahingga kita sedaya saged makempal ing papan menika saperlu ngrawuhi malam tirakatan 17 Agustus wonten ing [nama wilayah].

Ingkang salajengipun sholawat saha salam mugi katetepaken dhumateng junjungan kita, Rasullulah Nabi Muhammad saw., ingkang tansah kito tenggo-tenggo syafaatipun ing yaumul akhir.

Baca Juga: 2 Contoh Teks Renungan Malam Tirakatan 17 Agustus HUT RI Ke 79 Tahun 2024

Bapak/Ibu sederek ingkang kawulo hormati, keparengo kulo waosaken reroncening adicoro ing ndalu meniko.

Ingkang sepisan, pambuka

Ingkang kaping kalih, menyanyikan lagu Indonesia Raya

Ingkang kaping tiga, sambutan saking Dukuh [nama wilayah], Bapak/Ibu ....

Ingkang kaping sekawan, acara inti ingkang badhe dipunslirani dening Bapak/Ibu ....

Kaping gangsal, doa, ingkang bade dipun roisi dening Bapak ....

Lan ingkang pungkasan, panutup.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek sedoyo, mangga kita wiwiti malam tirakatan 17 Agustus 2024 menika kanthi waosan basmalah kawulo dherekaken.

[Membaca Basmalah bersama-sama]

Matur nuwun, mugi kanthi waosan basmalah menika, adicara ing dalu meniko saged lancar dumugi akhir. Adicara ingkang kaping kalih, menyanyikan lagu "Indonesia Raya" ingkang badhe dipun pimpin dening Bapak/Ibu/Sedherek ....

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek sedoyo kasuwun jumeneng.

[Ada kalanya, makanan dan minuman baru disuguhkan oleh panitia ketika lagu "Indonesia Raya" selesai dinyanyikan, atau setelah sambutan. Terkait hal ini, pembawa acara perlu mempersilakan hadirin untuk menyantap hidangan]

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, gandheng wonten ing ngarsa panjenengan sampun samekta unjukan soho nyamikan (dhaharan), kula aturi ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning penggalih.

[Biasanya, santap makanan atau minuman berlangsung selama 3-5 menit. Setelahnya, pembawa acara dapat melanjutkan acara dengan meminta izin terlebih dahulu kepada hadirin]

Bapak-bapak soho ibu-ibu, mboten ngirangi kamardikan anggenipun dhahar soho ngunjuk, sumonggo kita lajengaken adicara ing dalu menika. Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika sambutan Dukuh [nama wilayah]. Bapak/Ibu ... sumonggo.

[Sambutan Dukuh/Ketua RW/Ketua RT]

Matur nuwun dumateng Bapak/Ibu .... ingkang sampun kersa maringi sambutan. Adicara ingkang salkajengipun inggih menika adicara inti, ingkang bade dipunslirani dening Bapak/Ibu ...

[Acara Inti]

Matur nuwun dumateng Bapak/Ibu .... adicara ingkang kaping gangsal, inggih menika doa, ingkang bade dipunroisi dengan Bapak ....

[Pembacaan Doa]

Matur nuwun dumateng Bapak ....

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, mekaten wau lelampahing adicara malam tirakatan 17 Agustus saking purwakaning adicara dugi pungkasan. Sumonggo kita tutup adicara ingin dalu menika kanthi waosan hamdalah sesarengan.

[Bacaan Hamdalah]

Ing wasana, menawi anggen kula matur kathah klenta-klentunipun estu nyuwun agunging pangaksami.

Wabillahi taufik wal hidayah,

Wassalamualaikum wr. wb.

Baca Juga: 2 Pidato Malam Tasyakuran 17 Agustus Penuh Inspirasi, HUT RI ke-79

Contoh 2 teks MC tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh. Bissmilllahirrahman nirrahim. Assola tuwasala mu'ala asrofil anbiya'i wal mursalin. Wa'ala alihi wa sohbihi ajma'in. Ama ba'du. Dumateng poro alim ulama, sesepuh soho pinisepuh ingkang tansah kulo hurmati lan kito to'ati.

Ingkang sepindah, monggo kito sedoyo sami muji syukur dateng Allah SWT. Dene punopo kito sedoyo saget makempal ing ndalem acara meniko kanti tansah sehat wal afiyat.

Poro rawuh ingkang kula hormati, kulo minongko pranotocoro ing dalem puniko, bade maosaken susunan acaro ing dinten meniko.

Bilih adicara ingkang Sepindah inggih puniko pambuka
Nomer kalih inggih puniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an
Adicara ingkang nomor tigo inggih puniko sambutan
Adicara ingkang angka Sekawan nun inggih adicara utama/inti
Soho nomer tarahir inggih puniko penutup
Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Bismillahirrahmanirrahim. Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim.

Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur'an, ingkang bade di waos deneng Ustadzah Siti Fatimah, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken. Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi-mugi saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Allah SWT.

Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko sambutan Bapak Kholiq. Dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken. Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.

Acara selajengipun, inggih meniko acara inti (menyesuaikan acara yang digelar)

Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng Ustadzah Siti Fatimah. Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya kawulo summanggaaken. Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.

Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten. Akhiron, wallahul muwaafiq iaa aqwamith thoriq wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Baca Juga: 4 Contoh Doa Malam Tasyakuran 17 Agustus HUT RI ke-79, Menyentuh!

Contoh 3 teks MC tirakatan 17 Agustus Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Sugeng dalu, para warga sekalian. Sugeng rawuh ing acara tirakatan 17 Agustus ingkang kita adani ing dina iki.

Mugi-mugi kita pinaringan rahmat lan berkah saking Gusti Allah Swt, saengga kita saged ngumpul lan ngrayakaken dina kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping [tahun] kanthi bebarengan.

[Pembukaan acara malam tirakatan 17 Agustus]

Kaping pisan, mangga kita miwiti acara niki kanthi rasa syukur lan waosan basmalah. [membaca basmalah]. Mugi adicara dalu menika saget nambah semangat lan rasa tresna kita dhumateng negara.

[Menyanyikan Lagu "Indonesia Raya"]

Sakmenika, mangga kita ngaturaken pangajab marang negara kanthi nyanyikan lagu kebangsaan kita, "Indonesia Raya". Mangga, sedaya sami saksikan lan nyanyi sesarengan.

[Sambutan Kepala Dusun/Ketua RW/Ketua RT]

Sawise punika, kita badhe nyimak sambutan saking Kepala Dusun/Ketua RW/Ketua RT, ingkang badhe paring pencerahan lan inspirasi babagan makna kemerdekaan. Mangga, kita sambut kanthi pangajab lan perhatian.

[Acara Inti]

Kita bakal nerusaken acara inti, ingkang kalebet pagelaran seni lan hiburan saking warga kita, ingkang sampun nyiapake kanthi sinau lan semangat. Mugi-mugi penampilan punika saged maringi hiburan lan inspirasi dhumateng kita sedaya.

[Pembacaan Doa]

Sesampunipun acara inti, kita badhe nindakaken pembacaan doa. Mugi-mugi doa punika saged ndedonga supaya bangsa kita tansah pinaringan kamakmuran, tentrem, lan kesejahteraan.

[Penutup]

Kaping pisan, kami aturaken matur nuwun sanget dhumateng para warga ingkang sampun rawuh lan partisipasi ing acara iki. Mugi kita saged njaga persatuan lan kesatuan kita, lan tansah eling dhateng perjuangan para pahlawan.

Sakmenika acara ingkang saged kita adani. Mugi kita kabeh saged ngraosaken semangat kemerdekaan kanthi nyata ing gesang saben dinten.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Baca Juga: 4 Contoh Teks Sambutan Malam Tasyakuran 17 Agustus HUT RI ke-79

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.7 fm
98.9 fm
98.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm