3 Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi, Penuh Makna!

4 September 2024 15:00 WIB
Ilustrasi contoh pidato bahasa Jawa tentang Maulid Nabi.
Ilustrasi contoh pidato bahasa Jawa tentang Maulid Nabi. ( freepik)

Sonora.ID - Berikut ini beberapa contoh pidato bahasa Jawa tentang Maulid Nabi Muhammad SAW 1446 Hijriah yang penuh makna.

Maulid Nabi setiap tahunnya diperingati pada 12 Rabiul Awal. Adapun pada 1446 H ini, Maulid Nabi jatuh bertepatan dengan hari Senin, 16 September 2024.

Dalam agama Islam, Maulid Nabi merupakan peringatan hari kelahiran rasul terakhir, yakni Nabi Muhammad SAW.

Ketika peringatan hari tersebut, acap kali terdapat pidato dengan tema berkaitan yang bisa disampaikan dalam bahasa daerah masing-masing.

Baca Juga: 30 Tema Maulid Nabi 2024/1446H Paling Menarik dan Menginspirasi

Contoh Pidato Maulid Nabi Bahasa Jawa

Contoh 1

Assalamualaikum wr. wb.

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati.
Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.

Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat.

Poro rawuh ingkang minulyo,

Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno. Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin.

Tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:

“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung.”

Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo,

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam.

Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.

Baca Juga: 6 Contoh Sambutan Maulid Nabi 2024 Singkat, Padat, dan Jelas

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe.

Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti.”

Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos seluruh dunia.

Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:

“Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam donyo."

Poro rawuh ingkang minulyo,

Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat. Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb.

Baca Juga: 25 Gambar Maulid Nabi 2024 untuk Diposting di Medsos, Unduh Gratis

Contoh 2

Assalamu'alaikum Warahmatullah Wabarakatuh.

Puji syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT, amargi wonten ing wekdal punika kita taksih pinaringan kanugrahan dening Allah SWT, satemah saged makempal lan pepanggihan wonten ing masjid ingkang sampun dipunwiwiti kanthi boten wonten alangan setunggal menapa.

Salajengipun, shalawat saha salam mugi tansah kacurahaken dhumateng junjungan kita Muhammad SAW, amargi panjenenganipun ingkang sampun kasil paring agami Islam ingkang kebak rahmat.

Kakung miwah muslimin muslimat, ing dalu punika kita sami kempal wonten ing mesjid kangge mengeti Maulid Nabi SAW. Wiwit awal wulan Rabi'ul wonten acara wigatos inggih punika miyosipun nabi kita Muhammad SAW.

Dheweke lair nggawa rahmat, yaiku agama Islam, kanggo nggawe kita saka alam jahiliyah menyang jagad cahya, supaya kita bisa mbedakake antarane bener lan goroh.

Kita saged mbayangno kados pundi Rasulullah saw. Sadurungé lair ing bumi, mesthi manungsa wis kuciwa, wong wadon dikubur wong lanang, adat-adat jahiliyah disosialisasiaké, sing mlarat tambah mlarat, sing sugih tambah sugih lsp.

Muslim lan wanita Muslim.

Sawise Islam digawa dening Nabi Muhammad, isi tatanan Jahiliyah bisa rampung diganti dadi adat Islam.

Dadi wong-wong sing biyen nganiaya siji lan sijine, banjur padha tulung-tinulung.

Wigati, miturut sejarah Islam, Nabi Muhammad saw. Dheweke lair tanggal 12 Rabi'ul Awal taun Gajah utawa tanggal 20 April 571 Masehi. Dijenengi taun gajah, amarga Nabi miyos, akeh prajurit nunggang gajah sing arep ngrusak tentara Bait Allah sing dipimpin gubernur Yaman sing jenenge Abrahah.

Nanging tujuane sing ala kuwi ora bisa digayuh, amarga jurang neraka kebak krikil. Muslim lan wanita Muslim. Nabi Muhammad SAW, lair yatim piatu, amarga bapake seda watara pitung sasi, yaiku Abdullah. Ibune jenenge Siti Aminah.

Tumrap kita umat Islam, ingkang paling utami wonten ing pengetan acara punika kita sedaya tansah niru watakipun Kanjeng Nabi mulya banget Ugi dados panutan tumrap tiyang ingkang kersa manggih Allah SWT.

Baca Juga: 20 Poster Maulid Nabi Muhammad SAW 2024 (1446 H), Ini Link Unduhnya

Ing kasus iki, Allah ngandika minangka tembung ing Surah Al-Ahzab.

قَدْ كَانَ لَكُمْ فِيْ رَسُوْلِ اللّٰهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَنْ كَانَ يَرْجُوا اللّٰهَ وَالْيَوْمَ الْاٰخِرَ وَذَكَرَ اللّٰهَ كَثِيْرًاۗ ۝٢١

"Sungguh, pada (diri) Rasulullah benar-benar ada suri teladan yang baik bagimu, (yaitu) bagi orang yang mengharap (rahmat) Allah dan (kedatangan) hari Kiamat serta yang banyak mengingat Allah. (Q.S Al-Ahzab ayat 21)."

Satemene Rasulullah SAW wis paring tuladha kang becik tumrap sira lan wong-wong kang ngarep-arep kasampurnan Allah lan akherat, lan eling marang Allah saakeh-akehe.

Mekaten, menawi wonten tembung ingkang kirang mranani penggalih kula nyuwun pangapunten.

Muga-muga apa sing wis kasebut sadurunge bisa migunani, ihdinash shirathal mustaqiim, Wallahul Muwafieq Ilaa Aqwamit Tharieq. Wassalamualaikum Warahmatulahi Wabarakatuh.

Contoh 3

Assalamu’alaikum wr.wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum muslimin lan muslimat ingkang kinurmatan.

Saderengipun mangga kula tuwin panjenengan sami sesarengan ngaturaken pudya puji pudyastuti wonten ngarsaning Gusti Allah SWT. Dene kula tuwin panjenengan sami taksih sami pinaringan rahmat hidayahipun, kasugengan, karaharja, saengga taksih saged makempal wonten ing papan mriki.

Ing dinten punika tanggal 12 Rabiul Awal taun 1446 Hijriah utawi tanggal 16 wulan September taun 2024 Masehi, kula tuwin panjengan sami saged makempal wonten ing Masjid (...) mriki, ingkang saperlu mengeti dinten Maulid Nabi junjungan kita inggih punika Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing Masjid (...) mriki, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa angrawuhi pengetan wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing panggenan mriki.

Minangka pratandha sampun manteb tuwin raos nglegena dhumateng agami islam minangka pitedah kabagyanipun agesang wonten ing alam donya dumugi akhirat. Wondene inti saking pengetan punika badhe dipunwedaraken dening Bapak (...) saking (....).

Kula kinten atur pambuka pengetan dinten Maulid Nabi ing dalu punika kula cakapi semanten kemawon. Salajengipun mangga sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kula wiwiti kanthi waosan basmalah sesarengan. “Bismillahirrohmannirrahim.”

Cekap semanten atur kula, Akhirul kalam wabillahittaufiq walhidayah.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Demikian tadi sejumlah contoh pidato bahasa Jawa tentang Maulid Nabi. Semoga bermanfaat!

Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
Laporkan Komentar
Terima kasih. Kami sudah menerima laporan Anda. Kami akan menghapus komentar yang bertentangan dengan Panduan Komunitas dan UU ITE.
92.0 fm
98.0 fm
102.6 fm
93.3 fm
97.4 fm
98.9 fm
101.1 fm
96.7 fm
98.9 fm
98.8 fm
97.5 fm
91.3 fm
94.4 fm
102.1 fm
98.8 fm
95.9 fm
88.9 fm
97.8 fm
101.1 fm
101.8 fm
101.1 Mhz Fm
101.2 fm
101.8 fm